Kawruh Basa Jawa
1. Tembung Saroja
Tembung
Saroja ateges tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi
siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
a. Sanak sedulur
b. Guyup
rukun
c. Tandang gawe
d. Was
sumelang
e. Lara lapa
2. Yogyaswara
Yogya =
becik. Yogya Swara = swara sing becik.
Tembung
Yogya swara ateges tembung loro sing dirangkep dadi siji sing ngarep tiba swara
“a” sing mburi tiba swara “i”, nduweni teges lanang wadon.
Tuladha:
a. Dewa-dewi
b. Pemudha-pemudhi
c. Hapsara-hapsari
d. Widadara-widadari
e. Yaksa-yaksi
3. Tembung Garba
Tembung
Garba utawa Sandhi. Yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo
ngurangi cacahing wanda. Wanda = suku kata (Bahasa Indonesia).
Tuladha:
a. Prapta + ing = prapteng
b. Iya
+ iku = yeku
c. Nara + pati = narpati
d. Raja
+ endra = rajendra
e. Sura + ing = sureng
4. Tembung Plutan
Tembung
Plutan tegese tembung sing diringkes cacah ing wanda supaya luwih sathithik.
Upamane tembung para bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora
owah.
Tuladha:
a. Serat dipluta dadi srat
b. Suwara
dipluta dadi swara
c. Weruh dipluta dadi wruh
d. Sarana
dipluta dadi srana
e. Sari dipluta dadi sri
5. Kerata Basa (Jarwa dhosok)
Uga
diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa tegese
tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha:
a. Wedang = gawe kadang
b. Brekat
= mak brek diangkat
c. Kodhok = teka-teka ndhodhok
d. Kupluk
= kaku tur cempluk
e. Guru = digugu ditiru
6. Rura Basa
Rura
tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa luput,
nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula rura basa uga diarani basa sing
salah kaprah.
Upamane:
Tembung
nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg lombok, trasi, uyah, tomat, moto,
lan sapiturute. Nanging yen dibenerake kaya ing ndhuwur iku malah bisa digeguyu
dening wong akeh.
Tuladha:
a. Ngenam kepang
b. Nggodhog
wedang
c. Adang sega
d. Menek
jeruk
e. Menek krambil
7. Baliswara
Baliswara
yaiku tembung loro utawa luwih sing karangkep dadi siji, nanging tembung sing
menehi katrangan manggon ing sangarepe tembung sing diterangake ing basa
Indonesia diarani tetembungan utawa ukara sing nyalahi pola (hukum)
DM.
Gunane
baliswara kanggo njumbuhake pathokan utawa guru lagune tembang macapat.
Tuladha:
a. Rajaputra
b. Pancasila
c. Surya Atmaja
d. Anoman
malumpat sampun
e. Ki Gajah Mada asmane
8. Tembung Entar
Entar =
silih = ampil.
Tembung
entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing basa Indonesia
diarani kiasan utawa ungkapan.
Tuladha:
a. Gedhe atine
b. Dawa
tangane
c. Jembar segarane
d. Udan
tangis
e. Adus kringet
9. Cangkriman
Cangkriman
= batangan = badhean.
Tegese
tetembungan sing kudu dibatang kekarepane, amarga tetembungan mau nduweni teges
ora sabenere.
Warna-warnane
Cangkriman:
a. Cangkriman tembang
Tuladha:
Pocung
Bapak
pucung rupane saengga gunung,
Tan ana
kang tresna,
Kabeh
uwong mesthi engit,
Yen
kanggonan dielus-elus tinangisan
b. Cangkriman
wancah
Tuladha:
1) Pak
boletus = tepak kebo lele satus
2) Pindhang
kileng = sapi nang kandhang, kaki mentheleng
3) Pak
lawa = tepak ula dawa
4) Pak
kenthik = tepak teken sethithik
c. Cangkriman pepindhan (irib-iribaning barang)
Tuladha:
1) Sega
sekepel dirubung tinggi = salak
2) Pitik
walik saba meja = sulak
3) Gajah
nguntal sangkrah = pawon
4) Kebo
bule cancang merang = buntil
10. Bebasan
lan Saloka
Bebasan
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan.
Sing dipindhakake kaanane wong utawa barang.
Saloka
yaiku tetembungan kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan surasa pepindhan,
kang disalokakake kaanane wonge.
Tuladha
Bebasan:
a. Wis kebak
sundukane
= wis akeh dosane
b. Ngaup
ngisor
awar-awar
= njaluk pitulungan wong ringkih
c. Ngubak-ubak banyu
bening
= gawe rerusuhe papan tentrem
d. Cebol
nggayuh
lintang
= kedhuwuren panjangka
Tuladha Saloka:
a. Gajah ngidak
rapah
= wong kang nglanggar marang wewalere dhewe
b. Sumur
lumaku tinimba
= wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
c. Kebo kabotan
sungu
= wong kang ngrekasa uripe marga kakehan anak
d. Kebo
nusu
gudel
= wong tuwa njaluk warah anak
11. Paribasan
Paribasa
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan)
nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a. Yitna yuwana lena
kena
= sing sapa ngati-ati bakal slamet, sapa kurang wiweka bakal cilaka
b. Ana
catur
mungkur
= ora gelem melu urusaning liyan
c. Wiwit kuncung nganti
gelung = wiwit
bocah nganti tuwa
d. Kadang
konang
= ngaku sedulur yen katon sugih
Cathethan : Bebasan, saloka, lan paribasan
iki luwih akeh dirembug ing wulangan kawruh basa. Dene bukune bisa ngagem
buku-buku ngemi-emi basa Jawi anyar. Nyinau basa lan sastra Jawa, basa Jawi
gagrag anyar Wulang basa, Mardi basa, lan sapanunggalane.
12. Parikan
Parikan
yaiku tetembungan utawa unen-unen sing nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
Upamane:
a. Cacahing wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara
kapindho.
b. Ukara
sing ngarep mung kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi utawa “wose”.
c. Tibaning swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara
kapindho.
d. Parikan
bisa kedadean saka rong gatra, nanging bisa uga 4 gatra.
Tuladha:
a. Wajik klethik gula jawa
Kalah
dhisik ora papa
b. Tawon
madu ngisep sekar
Calon
guru kudu sabar
c. Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wis
makmur aja lali mring sadulur
d. Abang-abang
gendera Landa
Ana
sing ijo kok milih putih
Bujang
maneh ora ngluyura
Sing
wis duwe bojo ora tau mulih.
13. Purwakanthi
Purwakanthi
tegese aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara. Ing basa
Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak.
Purwakanthi
kaperang dadi telu:
a. Purwakanthi Guru Swara yaiku purwakanthi sing padha
swara ing pungkasane tembung.
Tuladha:
1) Sapa
jujur bakal makmur.
2) Ora
cepet ora ngliwet.
4) Aja
dahwen ati open.
b. Purwakanthi
Guru Sastra yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
1) Sing
sapa salah seleh.
2) Laras
lurus laris leres.
3) Bibit
bebet bobot.
c. Purwakanthi Lumaksita (guru basa) yaiku purwakanthi
sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha:
1) Bayem
arda, ardane ngrasuk busana.
2) Raja
putra, putra daleme ngastina.
3) Pandhu
suta, suta madyaning Pandhawa.
14. Sanepa
Sanepa
yaiku unen-unen sing saemper pepindhan, kadhapuk saka tembung kaanan lan
tembung aran, nanging nduweni teges kosok balen karo kaanane.
Upamane
: pait, tembung kaanan, madu tembung aran, dadi pait madu. Dene tegese pait
madu ora pait, nanging malah legi banget.
Tuladha:
a. Legi bratawali
b. Kuru
semangka
c. Peret beton
d. Kumepyur
pulut
e. Dhuwur kencur
15. Wangsalan
Wangsalan
yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane
wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha.
Nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.
Tuladha:
a. Jenang gula, kowe aja lali.
b. Sekar
aren, sampun dangu-dangu.
c. Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.
d. Mrica
kecut, muni kok sing ora nyata.
e. Mbalung klapa, geleme ethok-ethokan
Sumber:
http://didikcn.blogspot.com/2015/11/kawruh-kagunan-basa.html

Wah , bermanfaat sekali , terimakasih
BalasHapusIya sama-sama
HapusBermanfaat kanggo sinau😁, matur nuwun🙏🙏
BalasHapus😁👍
HapusBermanfaat sanget
BalasHapusNggih matur nuwun
HapusBagus
BalasHapusBagus
BalasHapusNice
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusNice
BalasHapusSaee
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapussangat bermanfaat
BalasHapus