Parikan Jawa



PARIKAN



Parikan iku unen-unen kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisan kanggo kawigaten, ukara kepindho minangka isi.

Cara Ngawe Parikan
Parikan yaiku panting sing nggunakake Basa Jawa kang disusun saka rong ukara kantthi rumus ab-ab.Ukara kapisan yaiku sampiran lan ukara kapindo yaiku isi.

Rumus saka parikan dengan (4 tembung dan 4 tembung)  kali 2 adalah. 

Tuladhane Parikan Bahasa Jawa:

Tuku manggis, karo kowe
Aku nangis, merga kowe

Cara ngawe
Tu ku ma nggiska ro ko we = sampiran, 4 tembung dan 4 tembung
A ku na ngis , mer ga ko we =  isi , 4 tembung dan 4 tembung

Contoh-Contoh Parikan Bahasa Jawa


1. Iwak bandeng,durung wayu
Priya ganteng, sugeh ngelmu

2. Kewan luwe, ana siji
Aku kowe, dadi siji

3. Maring sawah, angon meri
Pengin gagah, dadi santri

4. Tumbas kayu, nang rawalo
Kowe ayu, tapi jomblo

5. Dawet ayu, dawet ireng
Kowe ngguyu, aku seneng

6. Tumbas sukun, tumbas blewah
Urip rukun, mesti bungah

7. Capucino , nang gapura
Aku tresno, kowe ora

8. Tumbas sukun, tumbas blewah
Urip rukun, mesti bungah

9. Bali nang ndesa, jere tanggal siji
Dadi menungsa, aja lali janji

10. Ana banyu, nang pinggir watu
kowe ayu, merga sliramu

11. Banyu nang talang, nyampuri santen
Aku rung madang, dadi kencoten

12. Dodolan kayu, karo dodolan kacu
Raimu ayu, nek ora karo gincu

13. Duwe sedulur, pada ketemu
Atiku mabur, weruh sliramu

14. Siki fisika, mangke kimia
Aku wis teka, kowene lunga

15. Kiwene kopling, tengene rem gas
Mantan ra penting, usah dibahas

16. Wedange kencur, mangane ampyang
Wateke jujur, uripe gampang

17. Sambi ngopi, mangan tahu isi
Ati sepi, langka sing ngisi

18. Tukune jamu, nang daerah magelang
Suwe ra ketemu, sayange wis ilang

19. Kembang adas, sumebar ing tengahing alas
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras

20. Manuk kutut, manggunge banter
Yen ra manut, bisa keblinger








Sumber:
https://www.brilio.net/ngakak/10-pantun-jawa-ini-siap-bikin-kamu-ketawa-sekaligus-baper-170210k.html
https://www.dasaguru.com/2018/06/terlengkap-20-contoh-parikan-bahasa.html


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kawruh Basa Jawa

Cerkak Bahasa Jawa