pawarta Bahasa Jawa



PAWARTA

A. Pengertian
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.Teks pawarta teks sing nduduhake kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi apa sawijining panggonan sing bisa dicawisake liwat bentuk cetak,siaran,internet,utawa lisan marang wong akeh. 

B. Unsur-unsur
Unsur pawarta ana 5, biyasa disebut nganggo istilah 5W+1H.
1. W1 = What(apa) yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta iku.

2. W2 = Who(sapa) yaiku njlentrehkake babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata babagan ciri-cirine, titel, umur, lan sapanunggale.

3.  W3 = When(kapan) unsur kang njlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku kadadeyan. Unsur WHEN iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata mau isuk, wingi sore lan sapanunggale
4. W4 = Where(nang endi) yaiku njlentrehake babagan panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta iku. Tuladhane kayata "dompet kae tiba ora kadoh saka omahku".
5. W5 = Why(nangapa/kenapa) nuduhake sebab-musabab kenapa prastawa iku kedadeyan. Biasane bisa ditiliki saka tembung "asale, sebabe, mulane".
6. H = How(kepriye) njlentrehake babagan keriye prastawa iku kadadeyan. Bisa uga nuduhake kepriye swasana ing prastawa iku.


C.Titikane

1. Faktual = nyata,genah ana kedadean
2. Aktuwal = wektu kang pas
3. Wigati = dadi kawigaten wong akeh
4. Narik kawigaten = bisa njalari pawongan kang maca

D. Perangan 

1. Sesirah,biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat wong   sing arep maca.
2. Ringkasan,ukara kang ngambarake ringkasane isi pawarta.Biasane ditukis kandel ing ngisore sesirah
3. Isi,ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa,ana ngendi, lan kapan kedadean iku dumadi.
4. Gambar,perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kedadeyan prastawa.
5. Sumber,mujudake pawongan kang menehi kateranagn utawa komentar marang dumadine prastawa iku.


E.Jenis Pawarta

1. Pawarta dadakan,yaiku pawarta kang wektu lan panggonan ora keno dipastikake.Tuladha:kecelakaan montor mabur,banjir,kebakaran lan sak liyane
2. Pawarta ndinan,yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadean wis dimangerti sadurunge.Tuladha:pembukaan sekolah anyar.
3. Pawrta crita,yaiku pawarta kang ora dibatesi wektu lan panggonan,ngambarake objek kang disematake utawa mung kanggo hiburan utawa selingan.Tuladha:crita objek wisata,carita bab kesengan utawa hobby.


F.Bentuk

1. Bentuk cetak,pawarta kang dicetak kayata ing koran lan majalah.Tuladha:Panjebar    Semangat 
2.Bentuk siaran,kanthi liwat lisan nanging mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta.Tuladha:berita bahasa jawa Tv
3. Liwat Internet,berita basa jawa kang dicawisake lewat inernet bisa awujud website lan blog.
4. Lisan,cerita kang biasa dicawisake saka sapa wae,tegese warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta dateng tiang ingkang pun paringi pawarta.










 Sumber:

Buku gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X Sma/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kawruh Basa Jawa

Cerkak Bahasa Jawa