pawarta Bahasa Jawa
PAWARTA
A. Pengertian
Pawarta
yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing
bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong
ketelu utawa wong akeh.Teks pawarta teks sing nduduhake kabar anyar utawa
kedadean sing lagi dumadi apa sawijining panggonan sing bisa dicawisake liwat
bentuk cetak,siaran,internet,utawa lisan marang wong akeh.
B.
Unsur-unsur
Unsur pawarta ana 5, biyasa disebut
nganggo istilah 5W+1H.
1. W1 =
What(apa) yaiku njlentrehake babagan apa
kang ana ing pawarta iku.
2. W2 = Who(sapa) yaiku njlentrehkake babagan sapa utawa tokoh kang ana
ing pawarta mau. Unsur sapa iki biasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata
babagan ciri-cirine, titel, umur, lan sapanunggale.
3. W3 = When(kapan) unsur kang njlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku kadadeyan. Unsur WHEN iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata mau isuk, wingi sore lan sapanunggale
4. W4 = Where(nang endi) yaiku njlentrehake babagan panggonan kadadeyan
prastawa ing pawarta iku. Tuladhane kayata "dompet kae tiba ora kadoh
saka omahku".
5. W5 = Why(nangapa/kenapa) nuduhake sebab-musabab kenapa prastawa iku
kedadeyan. Biasane bisa ditiliki saka tembung "asale, sebabe,
mulane".
6. H = How(kepriye) njlentrehake babagan keriye prastawa iku
kadadeyan. Bisa uga nuduhake kepriye swasana ing prastawa iku.
C.Titikane
1. Faktual = nyata,genah ana
kedadean
2. Aktuwal = wektu kang pas
3. Wigati = dadi kawigaten wong akeh
4. Narik kawigaten = bisa njalari
pawongan kang maca
D.
Perangan
1. Sesirah,biasane mung ditulis
nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat wong sing arep maca.
2. Ringkasan,ukara kang ngambarake
ringkasane isi pawarta.Biasane ditukis kandel ing ngisore sesirah
3. Isi,ukara kang njlentrehake
pratawa ngenani apa,ana ngendi, lan kapan kedadean iku dumadi.
4. Gambar,perangan pawarta kanggo
nuduhake kaya ngapa kedadeyan prastawa.
5. Sumber,mujudake pawongan kang
menehi kateranagn utawa komentar marang dumadine prastawa iku.
E.Jenis
Pawarta
1. Pawarta dadakan,yaiku pawarta
kang wektu lan panggonan ora keno dipastikake.Tuladha:kecelakaan montor
mabur,banjir,kebakaran lan sak liyane
2. Pawarta ndinan,yaiku pawarta kang
wektu lan panggonan kedadean wis dimangerti sadurunge.Tuladha:pembukaan sekolah
anyar.
3. Pawrta crita,yaiku pawarta kang
ora dibatesi wektu lan panggonan,ngambarake objek kang disematake utawa mung
kanggo hiburan utawa selingan.Tuladha:crita objek wisata,carita bab kesengan
utawa hobby.
F.Bentuk
1. Bentuk cetak,pawarta kang dicetak
kayata ing koran lan majalah.Tuladha:Panjebar Semangat
2.Bentuk siaran,kanthi liwat lisan
nanging mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta.Tuladha:berita bahasa jawa Tv
3. Liwat Internet,berita basa jawa
kang dicawisake lewat inernet bisa awujud website lan blog.
4. Lisan,cerita kang biasa
dicawisake saka sapa wae,tegese warta sing dicawisake langsung saka sing
ngerteni pawarta dateng tiang ingkang pun paringi pawarta.
Sumber:
Buku gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X Sma/SMK/MA

Kerennn
BalasHapusMantap , lanjutkan ๐
BalasHapusSangat bermanfaat๐๐๐
BalasHapusUwu
BalasHapusMantull๐
BalasHapusMembantu
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusSip ๐
BalasHapusNice
BalasHapusGood job
BalasHapus๐
BalasHapusSipp
BalasHapusMantab
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSereng"
BalasHapus